Social Icons

Pages

Jumat, 05 November 2010

Sawangen Srengenge (Geguritan)

Sawangen srengenge kae
Esuk teka sore lunga
Ora kesel, ora ngresula
Gaweane madhangi manungsa ngupaya boga
Kabeh kuwi mung netepi pepesthi
Wajibe Bathara Surya madhangi ndoya

Tiruwa lakune srengenge
Elinga jejere bocah sekolah
Wajibe sinau lan maca buku
Ora kudu dielingake ibu
Sabab ngelmu kalakone kanthi laku
Saranane sekolah sowan guru
(Haryo W.M.)


Geguritan kasebut nyritake babagan para siswa sing kudu niru patrape srengenge. Panganggit geguritan kasebut nyritakake menawa bocah sekolah iku wajibe kudu tansah sinau kaya dene patrape srengenge sing ora tau kesel madhangi donya lan saisine.

6 komentar:

  1. geguritan ini termasuk gagrak anyar atau gagrak lawas?

    BalasHapus
  2. Casinos for the Caribbean - Lucky Club
    Caribbean City Casino is a five-reel and 3-row, four-row online luckyclub.live casino with 24/7 Live Chat, Live Casino, Mobile Casino, Slots, Table Games, Video Poker.

    BalasHapus